Klik foto untuk melihat videonya / click the picture to watch the video / tutul gambar kanggo ndelok videone:

MATUR NUWUN SIMBAH

1 Yèn éling lelakoné Simbah, ninggal nJawa ning Diaspora
kaningaya tenan, nggolèk sandang-pangan, ngrasakaké kasangsaran
Négakaké bapa lan biyung, kaya ngapa lih padha bingung
Sedhih njroning ati, nganti tekan pati, priyé… ora ngerti

REFREIN
Maturnuwun Simbah, Simbah kuwat nyangga…senajan kelara-lara
Maturnuwun Simbah, aku ora bisa mbales apa-apa…

2 Kangèlan nggonku nyritakaké, kangèlan nggonku ndunungaké
Lakoné wong Jawa, dikontrak wong Landa, sapa ‘ra sedih ngrasakké
Nanging wis aja nolèh mburi, jaman kuwi wis diliwati
Hayuk bebarengan, numpak kapal anyar, menyang kemajuan

by: Antoon Sisal-Jawa Suriname